Tradisi Tandhur Lan Panen Pari

 

Nandhur Pari

“Dek jaman Embah Buyut kita biyen ngolah sawah sak bagean bisa panen 8 sanga, saiki bareng diolah putra wayahe mung bisa panen 5 utawa 6 sanga, kang wis ditata miturut jaman saiki iku wis luwih utama, nanging bangsa kita akeh-akehe sok mokal, ninggal wewalering wong kolot, dudu jaman maju, saiki kena dirasakake, kang ninggal pituture wong kuna. Banjur nganggo pituture bangsa seje, iku kena dirasakake kasile, kang mangka saya akeh pemanggane, gek kepiye buyut kita ing tembe, yen bangsa kita pada lali mula bukane kuna-kunane, dene saiki bangsa kita dadi rebutan, budaya arep dirobah-robah supaya ndepani marang seje praja, mbanjur ngala-ala marang tanahe dewe, kang ing jaman kuna wis kuncara, tumeka ing manca praja. Ana ing unen-unen Satriya ilang tejane, Kali ilang kedunge, Pasar ilang kumandange”.

 

Kliyek Menthek, Jotho Kemil. Bla…, bla…, bla. Mbok menawo ora ana lupute ing ombyahing para Tani wiwit mujudake tatacara Jawa sing kawengku isih turun tumurun saka trah tumerah para leluhur, wiwit tandur isih ana budaya sing ora lali karo tata cara sing diwarisake saka leluhure, sing diarani Undur-undur “methik”.

Srengenge durung katon njedul, nanging semburat abang ing sisih etan wus katon mbranang. Manuk-manuk pating bleber mangkat golek pangan ninggalake anak-anake sing isih cilik-cilik, pating cruit nguntapake lungane biyunge, kanthi pangarep-arep gek endang mulih terus ngloloh dheweke.Mengkono uga para Tani kayadene mbah Karso kang duwe sawah bledhon krapyak setahun bisa panen ping telu. Saben esuk umum-umun wis menyang sawah nggawa pacul sing disamperake ing pundake. Tangane kiwa katon kelip-kelip amarga ing slempitane driji ana mawane, mawa rokok lintingan dhewe alias tingwe. Sajak klempas-klempus sak dalan-dalan katon nikmat banget.

Wis kaya padatan, nalika pari kuning, kadang tani kudu gawe pinihan, kanggo ndhedher winih. Sisa dami dibabat ngepok, banjur dipaculi lan dirata alus dadi ler-leran trus dipilih dadi pirang-pirang bedhengan disebari winih sing bakal tuwuh tekan umur udakara selawe dina kang bakal didhaut lan ditandur. Upacara wiwit nyebar winih pancene golek dina sing becik, tegese aja dina was, dina kubur, ringkel gejig., Tandur iki kawiwitan wiwit nancepake winih cacahe ganjil 7 utawa 9 ceblokan ing poncote sawah kanthi maca rapalan : Bla…, bla…, bla, panutupe mantra unine mangkene: ayata kawat, wite wesi, godhong tembaga, gulu selako, wohe kemate, meleng-meleng tan ana guda sengkala. Desa siji lan sijine pancen beda. Sawise winih pari wis umurMula saben-saben wiwitan njeblokake winih pari (tandur) ana adat sing diaraniundur-undur “methik”. Tumrape kadang Tani klebu tata cara mung nerusake tilarane para leluhur, lan kaperang dadi loro. Sepisan wiwit tandur sinebutan undur-undur, kapindo wiwitan ngunduh pari mangsa panen, diadani acaran methik.

Ayo Manen Tandhurane

Kaya denen padatan Mbah Karso isih repet-repet katon peteng kena dayane pedhut lan tanduran kena tetese embun wis tekan sawah nuli nyelehkake pacule, dheweke banjur lungguh ing pojok tanggul sawah ing sisih dhapuran pring ori bunge nrecel riyel, sak kanan kering ilen-ilen banyu kang muleg-muleg selane watu-watu banyune bening nylaring akeh iwake wader pating sliwer nyisili lumute watu, sinambi nyawang tanduran pari sing merkatak pari katon mabit mangiwa mabit manengen kesaput angin kang lumayu oyak-oyakan, kaya-kaya ndhudut pangrasane sing sambat ngadepi urip kang sangsaya kajepit dening kahanan, panen iki rada suda. Ambegane isih ngos-ngosan sauntara suwe anggone ngentekake udute, Mbah Karso mak nyat ngadeg terus mlaku sak dawane galengan sinambi mbabati suket sak kiwa tengene tanduran pari. Ora krasa kringet tumetes siki mbaka sawiji saka pucukjenggote dhawa kang wis putih. Kala-kala capinge diobat-abitke ngiwa-nengen kanggo nyegerake awak sing sumuk amarga katerak panas. Udakara jam sanga esuk, Sademi anake wadon nggawa sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Kringet wus dleweran, weteng ya wis pating kluthuk njaluk diisi, mbanjur Sademi ngaturake Pakne sarapan rumiyen Pak,… Kene nduk wah kebeneran banget, mangan kuwi paling enak nek wis luwe ngene kiyi,….

Wong Jawa pancen percaya banget karo petungan dina lan pasaran. Methik pari kudu milih dina sing becik manut keyakinan sing duwe, bisa dina Senen Paing cacahe petungan dina lan pasarane ana 13, malah parine manten sajodho , gunggunge pari sing dipethik ana 26 gagang pari, kanthi dedonga nyuwun marang Pangeran bla…, bla …, bla. Ya iki sing jenenge pari manten Sri-Sedana. Anggone methik mau golek dina sing becik, sarana methik kuwi arupa sego giling lan jajanan pasar, sawise didongani, sego giling lan jajanan pasar mau kanggo bocah-bocah sing diarani nggagaki, karana pada muni kaya manuk Gagak , gaok…, gaok…, gaok. Miturut tata cara sing wis kelakon mung mengku sanepan dina pasaran lan dina pitu wiwit Senen tekan Minggu. Windu wolu sarta surya rolas (gunggunge sasine). Dadi anggone nganakake wiwit petungane sawise srengenge lingsir, watara jam 12 munggah. Lha wong Jawa etungane panen ana papat: Suku, Watu, Gajah, lan Buta. Nek tiba Suku entuke pari mung gagang tegese parine ora ana entuke, mung sikil. Nek tiba Watu parine awet dipangan ora gampang entek. Tiba Gajah katone penemune akeh nanging parine gabug. Nek tiba Buta pira-pira wae entek dimangsa buta (aluamah).

Pari manten klebu pari sing suci mula pari wiwitan gagange ditaleni terus lamene di klabang digawa nyang njero somah di canthelake ing saka, Lan kanggo nindakake wiwit pantangane ora kena njupuk dina Jemuah, iku dinane Wali, lan ing dina iku Dewi Sri Dewine pari nuju sare. Nek nganti wungu lan duka sing tuna kadang tani dhewe. Yen disawang sagebyaran pari sing wis kuning ing sawah iku katone mung sarupa, nanging yen diteliti kanthi permati ana warna loro. Sepisan pari sing ubet lamene nengen diarani pari wadon utawa Sri Sedana. Dene pari sing ubet lamene ngiwa pari lanang utawa Jaka Sedana.

Umume Wong Jawa babaran panen pari isih nguri-uri budaya nganakake acaran bersih Desa (Rasulan). Setahun sepisan pinangka atur unjuk syukur marang Pangeran, sing menehi panen becik lan akeh, lan uga ora lali marang Dewi Sri (Dewi Pari) pinangka lambang kemakmuran . Panenan tansah ningkat, sarap sawan ama kabeh padha sumyur. Sajroning bersih Desa pada masak pada nganter panganan “ munjung” terus ing wanci bubar ashar sadurunge srengenge dicaplok bumi nganakake kendurian ing omahe Bapak Kaum utawa Bapak Kepala Dusun. Pada nggawa panganan lan lawuh komplit awujud sega giling cacahe ganjil 7 giling, uga ing daleme Pak Kadus sumadya sega gurih lan iwak pitik ingkung, pralambang pasrah tumarah marang Pangeran. Bubaran unjuk do’a dipimpin Pak Modin, nuli pada mangan sega bareng-bareng, terus bocah cilik-cilik pada entuk bagian brekat lan lawuh, wah kayadene surgane bocah bocah. Nanging kemajuane jaman babagan pangan wis ora dadi wigati. Sing penting bisa kumpul nganggo klambi apik-apik tur ana tontonan lan jajanan maneka warna sak dawane dalan, wis bungahe ora jamak. Jaman semana wong-wong tanah Jawa wiwit jaman kuna-makuna mula sing mung kulina mangan sega jagung, sega canthel, lan rupa-rupa pala pendhem, sawise ngenal pari lan mangan sega beras isih kabithuk durung marem lan wareg kaya sega thiwul, sing kasunyatane bisa ganjel weteng lan awet wareg, ngendikane Biyung Krama.

Bersih desa iki pinangka unjuk syukur marang Pangeran kanthi panen becik lan kasil. Dene tontonan awujud gembira sak wise pada nandhur kerja mbanthing tenaga ana sawah, ing pangajap muga-muga tahun sing ngarep anggone nenadhur subur makmur, ora kena oma utawa gagal panen. Nanging wong tani apes lan ngenes, pari wiwit mbleduk ketrajang walang sangit durung ditambah omo tikus wayahe panen malah pari pada ambruk kena dayane angin lan ketrajang banjir bandang, kahanan kaya mangkono mau wong tani udan tangis andadekake mongso paceklik (larang pangan). Ana lelagon Lumbung Desa pangriptane Ki Narto Sabdo kang kondang, isih seprene kapireng ing swara Radio, ngelingake kita kabeh para sutresna pada sayug rukun rame-ramemrantasi gawe. Ora lali-lali kanggo ngelingake ayo pada tetembangan Thole…,“ Lumbung Desa pra tani pada makarya ayo Ca, njupuk pari nata lesung nyandak alu ayo Yu, pada maju yen wis rampung nuli adang ayo Kang, Dha tumandhang nata beras nata lumpang “ Thok, thek, thok, thok gong, thok thok thek thok thek thok gong…., Wah pancen tembang iki andarbeni piweling kang wigati tumrape para Tani ing pradesan. Unen-unen pranatan: Tunemen nyambut gawe ngudi rejeki kanggo murakabi brayate, lan ora srei drengki kemeren ning liyan, nyembah mundhi-bekti ning wong tuwane sakloron, sambat nyebut, adhuh Simboooook, Gusti kula! Simbok kuwi wong sing bagus atine sa-ndonya, Adhuh Semaaaaaak, Pangeran kula!, Semak/Bapak kuwi pangengerane wong sagotrah anak bojone. Nguri-uri lan ora lali ngluhurake para leluhure kang trah tumerah, pitung turunan: anak, putu, buyut, canggah, wareng, udheg-udheg, gantung siwur nganti tebok bosok galih asem.

Sekar gawe pangan ing Tembang Pangkur

Bapak Tani udan udan

Nanging data duwe tyas wigih-wigih

Kadereng ndang bisa nandur

katungkul macul lemah

Nggarap sawah mrih bisa urip kang makmur

Anenandur palawija

Pala kesimpar lan pari

Ayem tentrem ora nggrangsang

Najan ana jaman nganeh-anehi

Mung siji kang dipun suwun

Panenan tansah ningkat

Sarap sawan ama kabeh padha sumyur

Iku kang tansah den mengsah

Kang ora bisa dibedhil

Tembang Gambuh

Yen teka mangsa tandur

Mbakyu-mbakyu tani padha rukun

Rame-rame menyang saben nyekel winih

Neng ler-leran banjur nyemplung

Ora wedi karo blethok

Pak tani nggawa kenur,

Kanggo ngentheng manut marang ukur

Mbakyu Tani jejer-jejer pating jrengking

Iki pancen wajibipun

Sedulur sedulur wadon

Ing kono papanipun

Kanggo ajang rejeki kang thukul

Murakabi mring sedulur sanagari

Papan Dewi Sri Tumurun

Paring tedha marang wong.


2 Tanggapan

  1. Pripun menawi sinau kalian warga kanekes nandur pari, sabinipun mboten dipun luku utowo dipacul, kados ingkang di lakoni sedulur tuo Jepang Masanobu Fukukoka
    1. Sabin mboten dipun luku lan dipacul
    2. mboten nyiapake rabuk
    3. omo lan penyakit mboten usah dipun semprot pestisida
    4. suket ampun dibabat sedanten
    ojolali wijinipun disebar langsung ten sabin, mboten usah dipun pindah. Praktek meniko dipun serat ten primbon Revolusi Damen (Revolusi Sebatang Jerami) Matur Nuwun.

  2. dadi kelingan mbiyen gek iseh cilik ngetutake wong sesajenan miwiti panen pari……..
    biasane grumut-grumut bar magrib karo nggowo obor blarak utowo oncor……….!

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: