• Bagikan Blog Ini


    FacebookTwitterMore...

  • Site Info

    SEO Stats powered by MyPagerank.Net



  • blog-indonesia.com


    Ping your blog, website, or RSS feed for Free

  • RSS Suara Merdeka

    • Sebuah galat telah terjadi; umpan tersebut kemungkinan sedang anjlok. Coba lagi nanti.

Mantram Ruwatan Panjangmas

Punika Djantur Wa Kala Mur

 

Awighnam astu namas idem..

 

Kala awang-awang ana bumi langit, nanging Sang Hjang Wisesa ingkang kotjap sarta djumeneng samadi satengahing djagad. Sang Hjang Wisesa mireng swara kadi genta, sarta anon tigan, gumantung neng awang-awang, sinangga ngasta pinusti dadi telung prakara, saprakara dadi bumi langit, rong prakarane dadi tedja lan tjahja, katigane Manik Maja. Mangka Manik dadi papat. Mangka papat iku ming Batara Guru uger-ugere, kang pinangka gegentene Sang Hjang Wisesa, Winenang andadekake isining bumi, sarta Winesik saliring Wadi.

Mangka sasirnaning (samuksane) Sang Hjang Wisesa, Batara Guru akarja tetimbangan garwa wasta Dewi Uma, nunten ajoga para dewa 30 lan sarta sadjodone. Nunten bumi pisah lan akasa. Hjang Pramesti nunten amatah dewa nawa sanga amrih djedjeging bumi, sarta gunung Djamurdipa wus warata. Nunten Batara Guru ajasa kahjangan lan kaswargan, lan saisine. Mangka Sang Hjang Pramesti anjatekaken djenenging lanang lan wadon, lan garwa Dewi Uma, reta kerut tan ketadhahan, mila wonten Batara Kala Hjang Pramesti adeduka mring garwa Dewi Uma, mila wonten Batari Durga djodo lan Kala. Nunten Hjang Guru anitahaken redjaki Martjapada Mendang Kamulan. Mila Batara kala minggah mring Suralaya saputra garwa balane.

Iki Sampurnaning Pudja

Hong prajoganira Sang Hjang, Akasara lawan Pratiwi; midjil joganira Sang Hjang, agilang-gilang ing siti; binu aneng samodra, kumanang alembak-lembak; ana daging dudu daging, ana getih dudu getih; murub mangarab-arab; anekaken prabawa, ketug lindhu lan prahara; lesus agung aliweran, geter pater tanpa tara; murub ingkang Kala Rodra, gumesang aneng Triloka; nguniwah Batara Guru, Awignam astu na purnama sidi, Hong na muna maswahah.

Iki Santi Purwa

Hong Ilaheng dinuk aku, purwanira ring pustaka. Ginutuk ing Padmackra, ja ta pinangka sirahmu. Ginutuk ing Kuramejan, ja ta kang dadi rambutmu. Ginutuk sireng Panelan, ja ta pinangka bathukmu. Ginutuk ing Rengaswastra, ja ta kang dadi aslimu. Ginutuk ing Rengaswastra ja ta kang dadi idepmu. Ginutuk ing Surjakanta, ja ta kang dadi netramu. Ginutuk sireng ing Kilat, ja ta pinangka kedepmu. Ginutuk sireng Manila, ja ta kang dadi kupingmu. Ginutuk sireng Momaka, ja ta kang dadi pipimu. Ginutuk sireng Penojan, ja ta pinangka pasumu. Ginutuk ing Langkapwastra, ja ta kang dadi tutukmu. Ginutuk ing Redjawastra, ja ta kang dadi untumu. Ginutuk ing Wadjalidah, ja ta kang dadi ilatmu. Ginutuk sireng Penawan, ja ta pinangka telakmu. Ginutuk ing Wadjasumeh, ja ta pinangka djanggutmu. Ginutuk Sidang penawan, ja ta pinangka uwangmu. Ginutuk ing Wesipanggak, ja ta kang dadi gulumu. Ginutuk Wesigulmara, ja ta kang dadi baumu. Ginutuk sireng Tjandrasa, ja ta pinangka tanganmu. Ginutuk ing Palempengan, ja ta pinangka salangmu. Ginutuk ing Ambalwastra, ja ta pinangka dadamu. Ginutuk Sarwasendjata, ja ta kang dadi igamu. Ginutuk  sireng Padupan, ja ta pinangka atimu. Ginutuk sireng Genitri, ja ta kang dadi amperumu. Ginutuk ing Sandiwidi, ja ta kang dadi djantungmu. Ginutuk Segara rampenan, ja ta pinangka wetengmu. Ginutuk sireng Lulita  ja ta pinangka ususmu. Ginutuk ing Rantjangwastra ja ta pinangka ototmu. Ginutuk ing Wadjasari, ja ta pinangka balungmu.

Ginutuk Pantjurantjah, ja ta pinangka dakarmu. Ginutuk ing Bakawastra, ja ta kang pinangka wangkongmu. Ginutuk sireng Deksana, ja ta kang dadi pupumu. Ginutuk ing Bindiwastra, ja ta pinangka garesmu. Ginutuk ing wadjakiwal, ja ta kang dadi sikilmu. Ginutuk ing gunung wadja, ja ta pinangka awakmu. Ginutuk ing Gorawastra, ingkang pinangka gedhemu. Ginutuk ing Bramawastra, ja ta pinangka napsumu. Kumedjot molah ambekan, angdeg-kagiri-giri; awakmu wegah anuger, asalit adjata gimbal; angerik anguwuh-uwuh, sira mulat amangetan; sakjehning para djawata, kagegeran dening sira, awedi ndeleng rupamu, aranmu si Kama Salah. Awighnam astu na purnama sidi. Hong na muna maswahah.

Iki Aksara ing Bathuk

Nga                 Tha                  Ba                   Ga                   Ma

Nja                  Ja                     Dja                  Dha                 Pa

La                    Wa                  Sa                    Ta                    Da

Ka                   Ra                   Tja                   Na                   Ha

Iki Aksara ing Telak

Sang Kala Lumerang, sangkaning lara, Wisnu kena ing lara, lungguh ing otot ngarepmu, kang alara mulja, mulja dening Batara Guru, Guru kena ing lara, lungguh ing tutuk, turune lumamah, lan saranduning awak, kang alara mulja, mulja dening Sang Hjang Wenang, Sang Hjang Wenang tan kena ing lara, maring Sang Hjang Tunggal, kumpul panunggaling rasa, rasa tunggal lan djati, djati tunggal lan rasa, rasa djati mulja, mulja saking ingkang Wisesa. Hong awignam astu namas idem.

Iki Sastra kang Ana Dhadha

(aran: Sastra Pinedati)

Hong Ilaheng, saweddana Durga Kala; saweddana Kretidara, tumurun aku ring madya; awor ring dewata mudja, adji Sang ati-ati; Amaradjata adjiku,  Aamaradja ta wuwusku; Amaradja Djaramaja, Aamarni Rinumaja, Jasiraja Pararasija, Amidosa Sadumedja; Amidoro Rodomeja, Jami dosa sadumeja, Jasijaja Palasija, Jasirapa Rahasija, Jasipapa Parasija, Amidosa Sadumeja, Nawanggana Nawanggeni, si Kutara si kulari; si Brenggala si Brenggali, si Bitapa si Betapi, si Bintaka si Bintaki, si Durbala si Durbali, si Rumaja si Rumaji, si Udjaja si Udjaji; si Srimaja Gedahmaja, si Dajudi si Dajuda; Adijoda Anijoda, Andajudi Niudaja, Hong na muna waswahah.

Iki Sastra Trusing Gigir

Hong joganira, Sang Hyang Pratiwi midjil, kumala Batari Uma, midjil saking ilmu-ilmu; angusap sariranira, midjil ta Sang Hjang kusika, midjil ta Batara Gagra, saking balung kamulanja, ana kang Batara Metri, saking otot kamulanja, midjil Sang Hjang Pritandjaja, saking sungsum mulanira.

Kinen agawe lokasa, Kusika mila alumeh, tinut denira Sang Gagra, Hjang Gagra milu alumeh, tinuti Sang Hjang Kurusa, Kurusa milu alumeh, tinut dene Sang Hjang Metri, Hjang Metri milu alumeh teher midjil ta wikalpa, neher ingapat-ipatan; Kusika mesat mangetan, atemahan dadi emong, Hjang Gagra mesat mangidul, atemahan dadi sarpa, Kurusa mesat mangulon, atemahan dadi buta; Hjang Metri mesat mengalor, atemahan dadi dengen, Kuneng Sang Hjang Pritadjala, ingkang kinen gawe loka; angendjali ring Batara kang riwe arerewejan; dinilat arasa asin, atemahan dadi ujah, Kuneng tang Batari Uma, singangsa sinungsang; andjerit angrik anguwuh, aselit adjata gimbal; nguniweh Batari Durga. Hong na muna maswahah.

Iki Santi Kukus

Hong, Purwa janti jogja janti, kaget Hjang Mandalagiri, sinurak para djawata, amidjilaken kasakten; ana banju teka wetan, aputih mili mangulon, angileni Batari Sri, Guru warda wardi dadi. Hong, Purwa janti jogja janti, kaget hjang Mandalagiri; sinuruk para djawata, amdjilaken kasekten; ana banju teka kidul, abang mili mangalor; Batari Sri. Guru warda wardi dadi. Hong, Purwa janti jogja janti, kaget Hjang Mandalagiri; sinurak para djawata, amidjilaken kasekten, ana banju teka kulon, kuning amili mangetan, angileni Batari Sri, Guru warda wardi dadi. Hong, Purwa janti jogja janti, kaget, kaget Hjang Mandalagiri; sinuruk para djawata, amidjilaken kasekten; ana banju teka elor, ireng amili mangidul; angileni Batari Sri, Guru warda wardi dadi. Hong na muna maswahah.

Iki Bala Srewu

Hong, Ilaheng pinangka ranku, ija Sang Hjang Tjandusekti; ija Sang ila-ila, santi guna ila warna; Sang Hjang Aju palungguhku, sang Hjang Taja pangadegku, naga radja ing dhadhaku, naga milet ing guluku guwa rungsit ing tjangkemku geter-geter panabdaku, gelap ngampar suwaraku, iduku tawa sakalir, netraku sang surya kembar, kilat barung ing tjahjaku, Durga Durgi ngiring aku, Sang Kala rumekseng aku; buta kabeh ring omahku kaomahan dengen kabeh; kang sun deleng padha lengleng, sik tak pandeng teka bengeng. Hong na muna maswahah.

Iki Banjak Dhalang

Hong, Pasang tabe, sun angidung, kidungku si Banjak dhalang, ngendi nggonira alinggih, Radja sang Kumintir-kitir, amreteng sira praknja, angupita nara wangsa, gendera pinatu barang, ulung kenjaring prasada, sira kaki atang hija, angadega wringin sungsang ameranga ampel gadhing tugelen gawenen sanggar, sanggar-sanggar pangruwatan, pangruwatan udjar ala, angruwat sara supata, sapataning sanak tuwa, angruwatan supataning wong atuwa, angruwata sagunging mala tjintraka, angruwata lara raga, laragung lara wigena, gelah telutuh ilangah, katuta ing barat lesus, lebur adjur muksa ilang, ilang, saking tan ana. Hong na muna maswahah.

Hong, Latak rowang marang sendhang, sendhang si Manadala, manadalane wong mengari, anake Ki Ulangkembang, kudu bisa ngadji, dukuhe Ki empu ana, bale tanpa galar, ana ta kang sumur bandung, timba kepala, tetali ususing maling, siwur burut tanpa kantjing, garane winado-adji, sulur kamudi waringin, banjune ludira muntjar, iline mangetan, ala-ele katuta ing banju mele, lebur adjur musna ilang.

Hong, Latak rowang, ana djaka amet kembang, amemenek angutapel den kebaki djedjompange anon si perawan liwat, dinulu rupane aju, perawan angaku rara, lah ta mara ing rerawan, anonton kintel muni, ting tjeremplang ting tjeremplung, agiro kang kodhok wijo, tingkahe srangkal-srangkal, sedyane arep mauta, anuata lara roga, laragung wigena, tetangga jen angrungokna, wong angidung Banjak dhalang saben dina tampa dadar, jen ana perawan tuwa, utawa djedjaka tuwa, dumadakan gelis krama, jen ana wong gering kedadak, dumadakan gelis mulja, jen ana kang nedja, amundur tanpa karana, sampurna ing Banjak dhalang, kang angidung temah sampurna.

Hong, Latak rowang mring bengawan, anontonlarung keli, larunge si banjak dhalang, loro sanake den larung, ing bendjang ing Djamurdipa, akuta ing Kurajana, ana manuk tjutjuk wadja, anutjuka larung keli, iberna gawanen lunga, awighnam astu na purnama sidi. Hong na muna maswahah.

Iki Padusaning Kala

Tandjung adus banju ning, banju midjil ing talaga manik, Uma kang ngedusi, Durga kang ngosoki, Wisnu kang angentas.

Iki Wisikaning Kala

Kala den eling sira, sira muliha mring Djati-sorangan; asalira teka ngora, sira muliha menjang ngora; asalira teka ing djati, ija muliha maring djati; Ingsun Sadjatining Wisesa.

Iki Kudanganing Kala

Hong, Anake Bi Kuramejan. Agedhe asesedepah, Bang bang bus, pastika maja-maja, ana maja-maja katon, kang anonton milu katon kang tinonton ora katon.

Bjang-bjang bjos, golong-golong gumelompong, gulung-gulung gumelumpung. Hong na muna maswahah.

 

RaHayu Ning Dhiri…


Tinggalkan komentar