• Bagikan Blog Ini


    FacebookTwitterMore...

  • Site Info

    SEO Stats powered by MyPagerank.Net



  • blog-indonesia.com


    Ping your blog, website, or RSS feed for Free

  • RSS Suara Merdeka

    • Sebuah galat telah terjadi; umpan tersebut kemungkinan sedang anjlok. Coba lagi nanti.

Cembokur alias Cemburu mring sepada-pada

Nek ngeling-eling jaman isih mbujang mbiyen, pancen masa pacaran itu dadi kenangan sing sangat berkesan.

Akeh lika-liku sing dilakoni, awit dag-digdug nyedaki cah wedok, nggaya sok pahlawan neng ngarepe cewek, nganti apel sing sepisan.

haahaa …. narsis euyy

Ana saat hati berbunga2 nek ketemu pacar, sokur-sokur pas apel omahe sepi, wong tuwa sama sedulure lagi lunga kabeh, waktu sing ana ora mungkin nek mung takpakai ngobrol thok, rugi no.

Mlaku-mlaku boncengan dikekep saka mburi, gandengan tangan rasane ndonya memang indah.

Lumrahe wong pacaran , ana mesra-mesrane ning mesti diselingi ribut, iso merga salah paham, iso merga ana sing ngapusi, sing paling kerep ya merga ana cemburu sing muncul.

Kadang cemburu karo kegiatane yange, kadang cemburu merga arang ketemu, tentunya paling kerep cemburu merga ana wong liya sing terlalu dekat sama yange.

Cemburu memang iso dilandase rasa sayang, rasa tresna sing nggegem ati.

Khawatir nek ditinggal, kepengin nyanding terus.

Ning ya ora maido wis kereb banget cemburu sing ana itu mung marga rasa aleman, ngadi-adi saka salah sijine pasangan, cemburu berasal dari Rasa yang berlebih tak terkendali oleh Rasio yang sehat, sehingga karna Rasa tak terkendali pula banyak bermunculan permasalahan sosial seperti Sara!!

Mung ora dijemput wae ngambek, sebtu ora diapeli nesu, ditinggal dolan sama kanca liyane nangis.

Pokoke anggere adoh mesti dicemburui.

Wis ngewuhke tenan.

Bareng saiki omah-omah, situasine wis beda banget.

Beban urip kudu disangga dewe, direwangi adoh-adoh ketekuk ringkel supaya kendile ora njomplang, perangai pun berubah tak seperti dahulu.

Rasa cemburune ora kaya pas yang-yangan dulu.

Rasa cemburu sama pacar bisa merubah, bisa bergeser , bahkan nek wis ketemu kuncine iso ilang.

Cuman neng pergaulan urip. terlalu sering lho kita ini ngingu rasa cemburu,

terutama rasa cemburu atas nasip mujure wong liya, apameneh sing dekat sama kita.

Seolah keberuntungan wong liya, itu dadi musibahe kita.

Cemburu sing mrentul saka rasa iri terus ngejawantah dadi niatan dengki lan srei.

Lha lumrahe wong urip, gampang banget menehi nasehat,petuah ,ular-ular marang wong liya, cuman mlarat banget nasehat sing pas kanggo awake dewe.

seprana seprene rasa iri bin cemburu tetep wae isih digotong mrana-mrene,

jangankan mbuang rasa iku ,wong nyelehke wae durung teyeng kok.

Isih gampang pada kobong atine nek weruh nasibe kanca sing luwih apik,

kaya-kaya ora bisa nrimakke nek kanugrahane Sang Dumadi itu tumetes buat orang lain.

Begitu gampang narik kesimpulan ttg betapa beratnya nasip sing kudu dijalani,

dan mudah banget nyimpulke nek wong liya itu digampangke urip lan usahane sama Tuhan.

Seolah mung sitook wae sing berhak dapat rahmate Sing gawe urip.

Seolah mung sitok wis rekasa uripe

Seolah mung sitok sing wis mbudi daya.

seolah mung sitok juga sing perlu ditulungi sama Gusti Hyang Dumadi.

Lan seolah selama ini sitok ndak pernah entuk kamulyaning urip saka Sing maha kuwasa.

Sakjroning aleman ,pradul sama Sing akarya jagad, saya kok njur kelingan sama tangga wektu di tipes mbiyen,

sopir becak sing nek bar subuhan neng mesjid terus mangkat narik penumpang nganggo becak sewan duwekke juragan becak saka mandarakan, mbah sadi biasane saya manggil.

Mbuh wis pirang tahun omah gedheg, magersari neng lemahe pak dipo itu ditempati pak sadi,

Dari mulai saya tk tekan sma (sakdurunge digusur ) omahe ya mung ngono-ngono wae, ora marai pangling.

Wonge menengan, ngrokok-e tingwe ( nglinting dewe ) sing disimpen neng njero dompet saka kloso.

Sakdurunge bedug luhur mesti mulih, mangan neng ngomah , senengane nganggo jangan bung sambel tempe bosok,lawuhe karak.

Sakngerti saya ya mung mbah sadi, sopir becak sekitar saya sing ora tau tuku nomer ataupun nyonji (ngramal nomer buntut ataupun cap jie kia ),

angger neng mesjid mesti lungguhe sisih mburi tur luwih sering ndingkluk selama ana kotbah, jarene “ wah badan kulo lak kotor lan mambet to nak “.

Saya yakin bukan soal itu sakjane alesan mbah sadi, tapi merga mbah sadi rumangsa mung wong cilik, mung wong bodho,ngrumangsani nek dudu sapa-sapa.

Andap asor lan ngajeni ne marang orang lain jan hebat tenan, bener-bener tulus saka njeroning ati

( Gek sekolah lan pelatihan ngendi sing iso ngajari kaya ngono kuwi, pengin saya ndaftar ).

Akeh tenan cara uripe mbah sadi sing saya kagumi.

Uripe prasaja, semeleh,nrima apa anane,duwe rasa ngrumangsani lan ora kakehan sambat sama Gusti Pengeran.

Mbrebes mili saya saben mengenang mbah sadi.

Trenyuh sekaligus isin saya sama mbah sadi.

Rasane salah siji berkah karuniane Gusti pangeran sing saya tampa adalah ingatan akan mbah sadi.

Ingatan sing membuat saya paham betapa serakahnya urip sing wis kito-kito lakoni.

Betapa gembeng dan aleman-nya kito selama ini.

Terasa banget nek kepintaran kula justru membuat kawruh urip saya ndak sampai sak pucuke kuku mbah sadi.

Dan semoga saya tetep bisa nguri-uri rasa cemburu dan iri saya buat mbah sadi.

Saya cemburu merga mbah sadi iso ndak cemburu sama kabejane wong liya lan nduweni welas asih mring sesami.

Aja nganti kabotan katresnan marang samubarang daden-daden, nanging : TRESNA marang SING DADI, tanpa gething marang kang daden-daden, sabab ing kono ana SING DADI.

Mumpung urip ana ing ngalam donya prayoga becike pd ngudiya beninging budi ndadekake AWAS marang dalan kang tumuju marang kawicaksanan, kawicaksanan dadi dalan marang kasam…purnan.

Rahayu,

salam.

(Foto Om Wira Sada)
Urip Ing Dunyo Iku Sedhélo,
Urip Ing Kono Koyo Samudro,
Mulo Nggér,….Ojo Wegah Podho Tetanén,
Ing Kono Mbesuk-é Bakal Panén.

2 Tanggapan

  1. wong urip aja wedi ning rekoso. Rekoso ben uripe mbok ketemu karo mulyo,
    memang kabeh wong urip pasrah karo sing gawe urip.
    Tapi pasrah iku dudu tembunge bebeh/males nyambut gawe,
    urip kudu berusaha sekuwat tenaga karo fikiran,

    NERPASRAH, TUMARIMA, BERUSAHA,
    lah lagi kula dewek bae masih urung iso, tapi kula terus berusaha anggone Uusaha
    Rrajin
    Iiman
    Ppangeran, singgawe urip.
    Salam katresnan ki demas dhamardjati.
    Rahayu.

Tinggalkan komentar