• Bagikan Blog Ini


    FacebookTwitterMore...

  • Site Info

    SEO Stats powered by MyPagerank.Net



  • blog-indonesia.com


    Ping your blog, website, or RSS feed for Free

  • RSS Suara Merdeka

    • Sebuah galat telah terjadi; umpan tersebut kemungkinan sedang anjlok. Coba lagi nanti.

RAHAYU PURBA

Sakpuniko monggo kito nginguk jaman kawit:

JAMAN PRA-PERADABAN

1.000.000-500.000 s.M

Enjing umun-umun saput lemah ngantos wiwit ketawis trontong-trontong byar rahino gesanging Jagad, saderengipun Janmi Manungso wiwitan katingal jumedul. Jaman puniko dereng wonten tondo-tondo ingkang cetho, wontenipun panggesanganing (budayaning) Manungso. Sajatosipun mboten saged dipun watesi rikolo punopo wiwit saged dipun lacak. Nanging gampilipun kangge miwiti dongenganipun, dipun pendet ancer-anceripun kemawon sayuto taun saderengipun Masehi.

Poro sarjono Geologi soho Arkeologi lan Ahli Sejarah dereng saged manggih bukti-bukti ingkang saged nyengkuyung wontenipun kegiyatan penelitian Etnologi Budoyo, punopo dene ngengingi bab kegiatan Seni Pra-sejarah. Pramilo saged kawastanan “Jaman Peteng, Jaman NIRLEKA” ingkang angel dipun “injen”.

NIRLEKA : saking boso Jawi Kino utawi Kawi. Nir = Tanpo, Leka = Tulisan. Mboten wonten bukti-bukti Tinulis ingkang saged dipun angge pathokan. “Tulisan” (makno gulung) akronimasi saking “metu soko lisan” (pangucap). Ingkang saged dipun dongengaken namung ingkang “metu soko lisan” utawi ujare.

“Yen durung mbuktekake ojo kondo. Iku goroh ! ” ( Lha wong mung ujare). Nembe wonten tulisan (aksoro). Prof.Dr. M. Yamin maringi ancer-ancer taun 0 (awal) Masehi.

Rikolo periode wau ingkang kawistoro namung jagading sato. Lah rikolo punopo wontenipun sato kewan wau inggih mboten saged kalacak asal dumadosipun, utawi timbulipun secoro gelar. Watesing pandulunipun Manungso namung “sapucuking grono”. Sok ugi proses evolusinipun titah Janmi Manungso Prasejarah wau inggih taksih dereng jangkep, taksih wonten ing tataraning sato mbrangkang kados patraping pragoso utawi kethek (primata), tatkolo sampun muncul kewan jinis Primata wau.

Kangge ukuran bandhing : Dedeg-piyadegipun Janmo Manungso kaliyan Pragoso (monyet ageng) tuwin kethek (munyuk abuntut panjang). Cetho sanget evolusi anatomis-ipun mlampah piyambak-piyambak. Puniko teori gelar kawontenan, mboten ateges ngleresaken “Teori Darwin” ingkang dados polemik dunia (wong mung ujare), bilih manungso puniko asal-usul ragawinipun saking monyet. Ingkang saged maringi bukti inggih namung ROSO SEJATI, kuwasaning GUSTI INGKANG AKARYO JAGAD piyambak.

Secoro gampilipun : Monyet mboten saged dipun ajari toto jalmi, mboten gadah doyo nalar (intellectual-cognition) sabab genetik-ipun mboten sami kaliyan manungso. Susunan saraf utekipun benten soho langkung alit katimbang utekipun manungso.

Mbokmanawi salah satunggaling sarjono anthropologi ingkang ngandaraken bilih Janmo Purbo puniko sampun punah, saged ugi namung kangge nyirep polemik ingkang magepokan kaliyan Teori Darwin ingkang controversial soho sensitif. Lajeng mratelakaken manawi asal-usuling Nenekmoyang wau sanes saking Janmi Purbo wau. Kito mboten setuju utawi ngleresaken. Namung gadah pitakenan: punopo inggih Jalmo Manungso ingkang sampun wonten wau dipun musnahaken, tumunten dipun gantos malih ngangge bebahan enggal? Mesthinipun mboten makaten. Sak awon-awonipun ciptaning Sang Moho Gesang, pasthi wonten bibit ingkang sae. Kangge nurunaken manungso ingkang bade nerasaken lampahing sejarah. Titah Gesang puniko kadadosan saking manunggaling wiji kakung klawan pawestri.

Miturut pakaring ilmu genekologi: tumetesing wiji kakung ingkang mayuto-yuto   kathaipun, tinadahan dening wadah ingkang dipun sumadyakaken dening pawestri. Manawi salah satunggal pasangan sampun manunggal nyawiji, lajeng dados zygote. Zygote puniko mboten saged dinulu dening soco sawantah saking lembutipun. Awujud tigan ingkang sampun dipun buwahi, dipun bungkus kulit cangkang ingkang mboten tembus dening sperma sanesipun. Kersaning Gusti Ingkang Akaryo Jagad, ngawontenaken proses tu mbuh g esang dados Jabangbayi. Inggih titah gesang ingkang enggal. Milo mboten aran mokal manawi Manungso puniko saking wijining Manungso ingkang sampun langkung rumiyin wontenipun.

Tembung “Manungso” anggadahi makno = Manunggaling Roso. Rasane Bopo klawan Biyung rikolo kempal rogo. Monggo kulo aturi nyimak dawuh pangandikanipun Leluhur ingkang asring kito pirengaken langkung uran-uranipun Nyi Condrolukito kados makaten:

Elingo jenengsiro Putraningsun Asaliro ono iku soko manunggaling Roso Sejati Duk naliko manunggale Romo-Ibuniro sakarone manunggal sawiji Rangkul-rinangkul tan purun pisaho yayi lamun sakarone durung mijil Lah iku ananiro ing madyopodo Marmo jenengsiro ojo wani-wani marang Atuwaniro Yektine kang anjangkung lawan dadyo pepayungiro sinebut Payung Tunggul Jati

Manungso kanggenan U R I P. Inggih URIP puniko ingkang dados asal-usulipun sadoyo ingkang tumitah gesang ing madyopodo. Inggih namung Manungso ingkang kalenggahan URIP sarto dipun paringi Jiwo utawi Roh utawi Sukmo.

Dene sato kewan namung kanggenan URIP kewolo. Mboten pinaringan Roh. Milo wonten istilah suksmo klambrangan puniko kadadosanipun saking anasir sekawan ingkang wonten ing angganing Manungso. Anasir-anasir wau mboten saged wudar utawi ‘mengurai’ wangsul dhumateng asalipun sowang-sowang. Amargi manungsanipun salebeting gesang ing marcopodo tansah ngegengaken dayaning howo napsu ingkang kirang prayogi, ing wusono kabekto dateng ‘alam kasuksman’, ngunduh wohing pakartinipun rikolo taksih gesang.

Suksmo nglambrang wau asring goroh, ngapusi, membo-membo rohipun tokoh nenekmoyang ingkang rikolo gesangipun kagungan pengaruh ageng dhumateng masyarakat. Milo kathah roh prewangan ingkang ngaken-aken titisaning Eyang Suto, Mbah Noyo, Aki Buyut Eta Tea. Puniko salah satunggaling rekoyoso mbokmanawi saged anerasaken lampah pados margining Kasampurnan Jati, mboten lumantar pangumbahing rogo. Sabab sampun kalajeng mboten gadah badan wadag utawi rogo kasar. Milo sagedipun namung ngentosi palimirmaning Hyang, Gusti Ingkang Moho Suci, URIP SEJATI SEJATINING URIP, kapan boyo anak puruningsun biso nyampurnakake laku. Antuk Kunci, Witing Kastubo Urip, inggih lampah Eling marang Margane Urip.

Manungso kadunungan napsu ingkang dumados saking Anasir Sekawan Ingkang asalipun saking Sari-sarining Bumi wangsul malih dateng Bumi, saking Sari-sarining Banyu wangsul malih dateng Toyo, saking Sari-sarining Geni wangsul malih dateng Api, soho ingkang saking Sari-sarining Angin wangsul malih dateng asalipun Angin.

 

Obahing Sari-sari Bumi, Sari-sari Banyu soho Sari-sari Api hanuwuhaken obahing (pegerakan) Angin. Puniko ingkang dados Bebahaning Napsu, sinebut Howo Napsu. Ingkang nyeponsori Ratu Tetelu wau.

Cathetan :

Kedah dipun bedakaken wonten ing jejering tembung , antawisipun “Angin” lan “Howo” :

  • Secoro gelar nyoto Angin saged dipun raosaken kahananipun (sumilir).
  • Sinaoso anggadahi padanan tembung ingkang sami tegesipun kaliyan Howo utawi Udara.
  • Angin nyebabaken kondisi asrep : “Hawane adem” = Udaranya dingin    makno gelar. Nanging  “Howo” ingkang dipun maksudaken  ing ngriki: kadadosan saking sabab akibat pokalipun Ratu Tetelu (Angen-angen – Budipakarti – Poncodriyo) ingkang kirang prayogi (memproduksi “napsu”   –  “howo-napsu”).
  • Makno gelar: Angin = Maruto = Barat (angin gede) = Samirono (alit, sumilir) = Howo utawi cuaca, weather.

 

Jaman Nirleka, inggih Jaman Janmo Manungso saderengipun katawis wonten, kahanan Donyo kados gambaranipun Film JURRASIK. Kewan darat agengipun sagunung-gunung anakan. Jinis reptil soho kewan nyusoni, sarto bangsanipun peksi. Bangsanipun peksi jaman rumiyin wujudipun mirip reptil, suwiwinipun tanpo elar, manawi miber ngangge selaput kulit kados kalong.

Wujudipun kewan-kewan wau aneh-aneh lan wagu. Kathah bentuk anatomis ingkang mboten fungsional, ingkang anjalari mboten bebas ngebahaken badanipun (kikuk). Jinisipun kathah sanget, kagolongaken kewan ingkang mongso rowang utawi Karnifora. Wonten jinis kewan ingkang nedho tetuwuhan utawi Herbifora. Wonten ugi daging lan tetuwuhan, sinebut Omnifora.

Thethukulan angawali wonten saderengipun sato kewan. Sinebut tumbuhan primitif (embrionipun jinis sesuketan) ingkang taksih sederhana tuwuhipun. Dangu-dangu ber-evolusi muncul jinisipun lumut tundra, jamur, kaktus, tuwin pakis-pakisan.

Tumapaking jaman Glacial III-IV lan salajengipun ngantos dumugi jaman peradaban Janmo Manungso, mboko sakedik tetuwuhan wono bebondotan (hutan rimba) sampun pepak.

Tinggalkan komentar